Salam kawulo ing lebet asmanipun Gusti Allah engkang Maha Welas lan Asih. Enggih Gusti Allah engkang tansah kepingin supados sedoyo manungso saged tepang lan tansah giyat gesang wonten ing margi kang lurus, margi tumuju swarga ingkang sampun penjenenganipun damel. Nglangkungi margi kala wau, Gusti ingkang Maha Welas lan Asih puniko kagungan kersa supados sedoyo manungso ingkang gesang sami nampi karahayun saking Gusti. Lumantar margi kala wau sedoyo manungso saged sowan dumateng Gusti kanti manah engkang tentrem. Wonten ing adicara Margining Karahayon puniko, kita badhe (sesarengan) nylidiki Kitab-Kitab serat ipun para nabi, ingkang nerangaken bilih wonten margining kamulyan kang sampun Gusti Allah tetepaken, sahingga manungso saged katetepaken dados tiyang engkang leres wonten ngarsanipun.